July 13, 2015

Kumpulan Parikan 2

iwak bandheng iwak sepat
arek ngganteng bojone papat
tuku bandheng numpak sepeda
rupane ngganteng celono e bedah
(kakehan bojo seh... sampe celono digawe rebutan)
mangan juwet nang indramayu..
jarene ruwet saiki wis ngguyu
ngombe dawet sambil nonton tipi..
daripada ngempet mending call me
nang sawah golek welut,
gak oleh welut yo urang.
golek bojo kudu seng nurut,
nek gak nurut yo cepitno lawang!!
sayur asem iwak'e pindhang...
orah usah mesam mesem kalo mau bilang sayang..
iwak pindhang digoreng garing...
wis ngomong sayang malah disawat piring
mlaku-mlaku nang kuta solo
ojo lali leren tuku es klopo
ono wong wedok lungguh melongo
barang tak cedak'i gombale mukiyo
sego rawon dicampur iwak dendeng
wis kadung ketemon yo mesisan digandheng
ngorah'i wajan sabune sak ndulit,
jek tas gajian, lha kok wes pailit..
raul gonzales jare mrene,
krungune arep kulakan dodol.
yo nek wes ngene,
barang opo sing bakalan didol?
di sini upin di sana ipin
di tengah-tengahnya cak solikin
minal aidzin wal faizin
mohon maaf lahir dan batin

0 comments:

Post a Comment

Copyright © 2015 ExcelPix All Right Reserved
Shared by Themes24x7